LAYANG PRIBADI
Layang utawa nawala yaiku basa kang diaturake nganggo tulisan utawa salah
sijining piranti komunikasi kang awujud tulisan.
Layang
pribadhi iku wujude kaya layang lumrahe. Sing dadi pratandhane menawa layang
iku kalebu layang pribadhi yaiku pigunane. Tegese layang mau digunakake
pribadhi marang pribadhi lan isine ngrembug perkara pribadhi utawa ora perkara
kadinasan. mula saka kuwi basa kang digunakake ing layang pribadhi luwih
longgar. Karepe basa ing layang pribadhi ora kaiket dening aturan - aturan kang
baku nanging mung kaiket dening peprenah antarane kang ngirim layang lang kang
dikirimi layang. Nanging basane layang pribadhi bisa ngoko bisa uga krama
gumantung kalungguhane wong sing dikirimi layang. Menaw kang dikirimi layang
kuwi kanca sepadha - padha utawa peprenahe luwih enom, layang bisa ditulis
nganggo basa ngoko. ananging yen kang nampa layang peprenahe luwih tuwa utawa
dhuwur kalungguhane, prayogane layang mau katulis nganggo basa krama.
Sanajan
layang pribadhi duwe kalonggaran babagan basa lan perkara kang dirembug, layang
pribadhi ora kena ninggalake subasita lan tata krama. layang pribadhi uga kudu
ditulis kanthi cetha, gampang dipahami dening kang nampa layang. kanthi
mengkono layang mau ora nimbulake kabingungan lan kesalahpahaman, utamane
kanggone sing nampa layang.
Manut basa, isi, sipat lan asale, layang bisa kaperang
dadi papat, yaiku :
a. Surat (layang) resmi.
b. Surat ( layang ) dinas.
c. Surat ( layang) niaga
d. Surat (layang) pribadhi.
Peprincene gawe layang :
1.
SATATA BASA : Alamate layang bisa katulis pojok tengen utawa kiwa ing dhuwur.
2. ADANGIYAH : Tembung pamuji rahayu upamane :
a. Rinengga sugenging pakurmatan.
b. Tansah winantu suka basuki.
c. Katentreman lan karahayon
d.
Winantu ing bagya mulya.
e.
Sembah sungkem.
3.
PURWAKA : Nelakake kabar kaslametane kang kirim layang lan pangarep - arep
supaya kang dikirimi uga slamet.
4.
SURASA BASA : Isine layang, kekarepane layang.
5. WASANA BASA : Pungkasaning layang, tuladhane :
a. Cukup semene dhisik liya wektu disambung maneh.
6. TITI MANGSA : Nelakake wektu panulisaning layang.
Parakan,
21 Agustus 2008
7. PEPRENAH : Asale layang saka sapa tuladha :
a. Saking ingkang putra
b. Bapakmu ing omah
c.Adhimu saka paran, lsp
8. TAPAK ASMA / TANDHA ASMA : Tanda tangan kang gawe
layang.
9. ASMA TERANG : Asma terang sing gawe layang.
B. Tuladha gawe layang
1. Layang anak marang wong
tuwa.
Bapak saha Ibu Joko Surasa (1)
Jln. Aip Mungkar Parakan
Temanggung.
Sembah sungkem, (2)
Kanthi lumantaring serat punik, kula ngaturi uninga bilih
kawontenan kula ing Semarang tansah ginajar wilujeng nir ing sambikala. Menggah
panyuwun kula dhumateng gusti Allah SWT, mugi - mugi kawontenanipun Bapak sah
Ibu ugi mekaten. amin. (3)
Kajawi punika ingkang sepisan ingkang putra ngaturi
priksa bilih kintunannipun arta sampun kula tampi rikal dinten minggu
kapengkur. Arta punika sampun kula ginakaken kangge prabeya sekolah.
Tirahanipun kangge nyekapi kabetahan wonten kos. Ingkang kaping kalih, kula
ngaturi priksa bilih sekedhap malih badhe tes semesteran. Pramila kula nyuwun
tambahing berkah pangestu mugi - mugi kula saged nglampahi tes semesteran
punika kanthi biji ingkang sae, amin. (4)
Ing wusana cekap semanten rumiyen serat kula, sanes
wekdal dipun sambet malih. menawi wonten kirang trapsilaning atur dhumateng
Bapak saha Ibu, kula nyuwun lumunturing samudra pangaksami. (5)
(6) Semarang, 26 Nopember
2008
(7) Saking ingkang putra
(8)
(9) Hadi Prawira
2. Layang ulem
Nambut silaning akrami:
Dra. NIKEN NASTITI
KRT. Tedjaningrat
KRT. Tedjaningrat
Kaliyan
Drs. MARYAN UTAMA
Letkol Sumaryan
Letkol Sumaryan
Akad Nikah:
Kemis Kliwon,
14 Desember 2006
Pukul 09.00 enjing,
ing griya Jl. Madukismo 123
Ngayogyakarta
Kemis Kliwon,
14 Desember 2006
Pukul 09.00 enjing,
ing griya Jl. Madukismo 123
Ngayogyakarta
Ngayogyakarta, 1 Desember 2006
Nuwun wiyosipun,
Kula angantu-antu keparengipun rawuh panjenengan sekaliyan wonten ing
wiwahan panggih/dhaupipun anak kula penganten kekalih, mbenjang ing:
Dinten : Kemis Kliwon [malem Jumuah Legi
Tanggal : 14 Desember 2006 [24 Dulkaidah Alip 1939]
Pukul : 19.00 [pitu sonten]
Papan : Pendhapi Budaya Mandhala Jl. Madukismo 75 Ngayogyakarta
Tanggal : 14 Desember 2006 [24 Dulkaidah Alip 1939]
Pukul : 19.00 [pitu sonten]
Papan : Pendhapi Budaya Mandhala Jl. Madukismo 75 Ngayogyakarta
Wasana awit keparengipun rawuh lan berkah pangestu, kula matur nuwun
sanget. Nuwun.
Salam taklim,
KRT. Tedjaningrat Kekalih
KRT. Tedjaningrat Kekalih
3.Tuladha Serat Ulem Supitan
Supitan:
1. BAGUS WARSANA
2. BAGUS WARDAYA
2. BAGUS WARDAYA
Gresipun:
Jumuah Wage, 8 Desember 2006
Pukul 09.00 enjang
ing Dokter Supit Padmasuri
Jampiroso Temanggung
Jumuah Wage, 8 Desember 2006
Pukul 09.00 enjang
ing Dokter Supit Padmasuri
Jampiroso Temanggung
Parakan, 1 Desember 2006
Nuwun wiyosipun,
Kula angantu-antu keparengipun
rawuh panjenengan sekaliyan wonten ing syukuran supitipun anak kula jaler
kekalih, mbenjang ing:
Dinten : Minggu Wage [malem Jumuah Legi]
Tanggal : 10 Desember 2006 [20 Dulkaidah Alip 1939]
Pukul : 09.00 enjang
Papan : Gedung Mandiri Kecamatan Parakan, temanggung
Dinten : Minggu Wage [malem Jumuah Legi]
Tanggal : 10 Desember 2006 [20 Dulkaidah Alip 1939]
Pukul : 09.00 enjang
Papan : Gedung Mandiri Kecamatan Parakan, temanggung
Wasana awit keparengipun rawuh lan berkah pangestu, kula matur sanget nuwun.
Salam taklim,
Sela Darmaji Kekalih
Sela Darmaji Kekalih
4. layang Kitir Lelayu
Innalillahi wa inna ilaihi
roji’un
Sampun tinimbalan sowan ing
pangayunaning Pangeran kanthi tentrem ing RSUP Dr. Sardjito nalika dinten Ahad
kliwon, 24 Desember 2006 (3 Besar alip 1939) pukul 11.50 siyang, Bapak/embah
sutresna:
KI MANGKUSASMITA
(Yuswa 80 taun)
(Yuswa 80 taun)
Layon badhe kasarekaken ing
makam Sitisuci, bidhal saking griya sungkawa Jeruksari Gang Megatruh 50, dinten
Senen Legi 25 Desember 2006 pukul 14.00
Ngayogyakarta, 24 Desember 2006
Ingkang duhkita
*Nyi Mangkusasmita (garwa)
*Brayat Mangkutana, SH. (putra)
*Brayat Mangkurati, SPd. (putra)
*Brayat Sumargana (raka)
*Brayat Parengkuan (rayi)
*Brayat Mangkutana, SH. (putra)
*Brayat Mangkurati, SPd. (putra)
*Brayat Sumargana (raka)
*Brayat Parengkuan (rayi)
by : Rindun Duduls
